Nerimo Ing Pandhom

Sak temene urip iku tansah bingungke. Lha kepriye maneh, pancen wis dadi pakem yen “Jalmo Tan Keno Kiniro”. Babakan umur, ajal, nasib, jodoh, rizqi kabeh iku manungso ora ono sing iso ngiro/nyono, Opo maneh nganti ngertini. Sing ngerti mung Gusti ingkang murbehing dumadi.
Contoh seng nyoto:
Biyen wektu sih cilik, aku duwe cita2 pegen dadi Dokter. Dumadaan sak rampunge SMP wong tuwoku ngakon mondhok nek Pesantren. Yo wis tak turuti masio karo nyambi sekolah SMA. Lha nek SMA iku, amergo aku sering uthek2 Komputer, akhire cita2ku tak rubah, aku pengen dadi Progammer/Web Design.
SMA durung nganti lulus aku wis di tarik bapak nek Sulawesi. Ngganteni posisi bapak sing lagi enek halangan. Yo piye maneh, emang dasare aku bocah seng nurut *hanyah* yo tak lakoni masio karo ngurut dodo *dodoku dewe*.
Kadang yen aku mikiri nasibku rasane sirah mumet, pikiran mbulet, irung mampet, mripat sepet, duwit seret, setoran macet, masalah tambah ruwet. Tapi kabeh iku tak lakoni kanthi sabar amergo iku wis dadi kersaning Gusti. Dene masalah cita2, arep piye maneh. Aku mung iso nerimo ing pandhoming Gusti. Mugi-mugi dadiyo wong sing guno lan migunani.


2 Comments:

  1. Unknown said...
    Yo seng sabar toh beel
    abeeL said...
    lek sabar bakale subur, lek jujur bakale ajur yo mb ah *lho*

Post a Comment



Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda